Minggu, 26 Februari 2012

sambutan wali murid



sambutan wali murid

Assalamu’alaikum Waramatullahi Wabarakaatuh
Ingkang dahad kinormatan Bapak Kepala Sekolah SMAN 2 NGAGLIK, Bapak ugi ibu guru, staf TU, Lan poro rencang ugi adek-adek sedaya kemawon ingkang kula tresnani.
Sapisan, monggo kita sedaya sesarengan ngaturaken puji syukur dumateng Gusti ingkang Maha Agung, Ingkang sampun maringaken nikmat kewarasan dumateng kita sedaya. Dados kita sedaya saget sesarengan kempal dhateng adicara perpisahan siswa kelas 12 sapunika.
Kula selaku wali murid ingkang tinanggenah guru kagem mewakili para wali murid kelas 12 kagem ngaturaken matur sembah suwun kula namung saget ngaturaken ucapan matur sembah nuwun kagem sedaya bapak ibu guru ingkang sampun mbulawantah putra kula sakonco dangunipun tigang warsa dateng pawiyatan menika. Kula inggih badhe nyuwun pangestunipun supados putra kula saget nglebeti pawiyatan enggal ingkang sae ingkang sampun dhados tujuan. Ugi supados putra putri kula  saget dados tiyang ingkang migunani kagem keluarga, masyarakat, ugi bahasa lan negara.
Cekap semanten saking kula, manawi anggen kula sakonco kagungan sisip sembering. Ingakang klenthu, kula nyuwun agunge panga puten dumateng sedaya kanawon. Kula aturaken matur sembah suwun.
Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakaatuh.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar