Ingkang dahad
kinormatan Bapak Kepala Sekolah SMAN 2 NGAGLIK, Bapak ugi ibu guru, staf TU,
Lan para rencang ugi adek-adek sedaya kemawon ingkang kula tresnani
Ing dalem
suasana ingkang berbahagia niki, mangga kita raos syukur dateng ngersanipun
Allah swt. Ingkang
sampun paring Rahmat, Nikmat dateng kita sedaya sehingga ing wakdal niki kita diparingi umur panjang lan boten wonten
alangan setunggalin punapa-punapa.
Para bapak lan ibu guru ingkan kula hormati.
Sakderengipun acara menika kula waos,mila saking niku, mangga kita sami-sami membuka acara wakdal niki kaliyan bacaan
basmallah ; Bismillaahirrahmaanirraim.
Susunan
acara ing dalem kesempatan niki, inggih menika :
Setunggal :
Pembukaan, ingkang sampun kula buka.
Kaping kalih :
Sambutan kepala sekolah
Kaping tiga : Sambutan saking ketua komite
Kaping sekawan : sambutan saking wali murid
Kaping gangsal : Pesan lan kesan saking ketua OSIS
Lan ingkang kaping akhir, inggih menika penutup.
Para tamu ingkang ingkang kula hormati.
Acara selajengipun inggih menika prakata
saking kepala sekolah . ing dalem kesempatan niki bade disampaken dening bapak
kepala sekolah , wekdal saha papan kula sumanggakaken.
-sambutan saking kepala sekolah-
Bapak lan ibu guru ingkang kula hormati.
Dipun lajengaken
ing acara ingkang kaping tiga inggih
menika sambutan saking ketua komite. wekdal saha papan kula sumanggakaken.
-sambutan saking komite sekolah-
Bapak lan ibu guru ingkang kula hormati.
Dipun lajengaken
sambutan saking wali murid. wekdal saha papan kula sumanggakaken.
-sambutan saking wali murid-
Bapak lan ibu guru ingkang kula hormati.
Dipun lajengaken
acara ingkang kaping gangsal sambutan saking ketua OSIS. wekdal
saha papan kula sumanggakaken.
-sambutan saking ketua OSIS-
Mekaten kala wahu sambutan
lan pesan ugi kesan ingkang dipun sampeaken dumateng ketua OSIS mugi-mugi napa ingkang sampun dipun sampeaken kolo wahu wonten kesanipun.
Bapak lan ibu guru ingkang kula hormati.
Wekdalipun acara ingkang
kaping pitu inggih menika penutup
Mekaten kala wahu sambutan ingkang
dipun sampekaken, mugi-mugi dipun kabulaken Allah swt. Lan sakderengipun acara
niki kula tutup, mbok beleh kula wonten kelepatanipun, kula nyuwun agunge
pangapunten dateng sedaya hadirin. Akhiripun mangga acara niki kita tutup
kelawan waosan hamdalah ; alhamdulilah hirobil alamin. Akhirul Kalaam. Wassalamu’alaikum
Warahmatullahi Wabarakaatuh.