Assalamu’alaikum Waramatullahi Wabarakaatuh
Ingkang dahad kinormatan Bapak Kepala Sekolah SMAN 2 NGAGLIK, Bapak ugi ibu guru, staf TU, Lan para rencang ugi adek-adek sedaya kemawon ingkang kula tresnani
Ing dalem suasana ingkang berbahagia niki, mangga kita raos syukur dateng ngersanipun Allah swt. Ingkang sampun paring Rahmat, Nikmat dateng kita sedaya sehingga ing wakdal niki kita diparingi umur panjang lan boten wonten alangan setunggalin punapa-punapa.
Para bapak lan ibu guru ingkan kula hormati. Sakderengipun acara menika kula waos,mila saking niku, mangga kita sami-sami membuka acara wakdal niki kaliyan bacaan basmallah ; Bismillaahirrahmaanirraim.
Susunan acara ing dalem kesempatan niki, inggih menika :
Setunggal : Pembukaan, ingkang sampun kula buka.
Kaping kalih : Sambutan kepala sekolah
Kaping tiga : Sambutan saking ketua komite
Kaping sekawan : sambutan saking wali murid
Kaping gangsal : Pesan lan kesan saking ketua OSIS
Lan ingkang kaping akhir, inggih menika penutup.
Para tamu ingkang ingkang kula hormati. Acara selajengipun inggih menika prakata saking kepala sekolah . ing dalem kesempatan niki bade disampaken dening bapak kepala sekolah , wekdal saha papan kula sumanggakaken.
sambutan saking kepala sekolah:
Assalamu’alaikum Waramatullahi Wabarakaatuh
Puji syukur kula aturaken dumateng Allah swt kang maha kuasa ingkang sampun nyaosi kasarasan dhumateng kula lan panjenengan sedaya.
Ingkang kula hormati bapak komite, bapak-ibu guru, lan para siswa ingkang kula tresnani . matur nuwun dhumateng bapak, ibu lan murid-murid ingkang sampun nglongaraken wekdalipun lan rawuh wonten papan menika ing acara perpisahan kelas 12.
Mangga kita sami-sami dedonga dumateng Allah SWT bilih dinten punika kita ngawontenaken perpisahan siswa kelas 12 SMA N 2 Ngaglik kita sedaya prihatos mugi-mugi muridkelas 3 ingkang nembe ujian pinaringan saged lulus sedaya lan saged dipun tampi wonten perguruan tinggi pramila kita sedaya sami-sami dedonga dhumateng Allah SWT mugi-mugi dipun paring sehat lan mboten wonten alangan satunggal punapa
Bapak/ibu ingkang kulo hormati kulo nyuwun pangapunten mbok bilih anggen kula momong putra-putri panjenengan, kawula mbonten saged maringi punapa-punapa namung paring donga wilujeng lan tebih saking sambikala semanten atur kula mugi-mugi bapak ibu rena ing penggalih anggenipun nampi putra panjenengan kanthi sae
Kawula keluarga besar SMA N 2 Ngaglik nyuwun pangapunten mbok bilih wonten klenta-klentanipun anggenipun momong putra-putri panjenengan
semanten anggen kula ngaturi sambutan ing dinten punika
matur nuwun
Wasallamu'alaikum wr.wb
Bapak lan ibu guru ingkang kula hormati.
Dipun lajengaken ing acara ingkang kaping tiga inggih menika sambutan saking ketua komite. wekdal saha papan kula sumanggakaken.
sambutan saking komite sekolah :
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Bapak-bapak, Ibu-ibu ingkang kula urmati, sumawana para putra-putra mudha-mudhi ingkang karoban ing raos bagya. Saderengipun kula matur wonten ing ngarsa panjenengan, langkung rumiyin kula nyuwun agunging sih samodra pangaksama, awit kula kumawantun, ngadeg ing ngarsa panjenengan sami.
Alhamdulillah ing enjing menika kita sedaya saged kempal sesarengan ing kampus SMA N 2 ngaglik ingkang kita remeni menika. Kita sedaya ngempal ing kampus menika nggadahi maksud utawi tujuan ingkang pokok, yaiku ngundhuraken para siswa kelas XII ingkang sampun ngrampungaken UNAS ingkang dados syarat utama kangge siswa SMA kangge ngelanjutaken ing jenjang luwih dhuwur.
Enjing menika, enjing ingkang ngerenyuhaken sanget kangge kita sedaya para hadirin. Menapa boten, ingkang slamanipun kita utawi teseh dados siswa mriki, kita kerep pethukan, sinau sareng, diskusi sareng, ing wayah sekedhap melih kita badhe pisahan. Nanging, kita kagungan pangajeng-ajeng supados perpisahan menika boten kita banjur “pedhot kekancan”. Supados kita teseh wonten rerembagan ingkang ageng kayata sakderengipun kita pisah.
Para rencang ingkang sedaya maksud lan tujuan dianaaken perpisahan menika botenn namung ngunduraken rencang-rencang kelas XII mawon, ananging luwih saking menika supados rencang-rencang tetep eling lan terus njagi rerencangan, inggih menika ing proses sinau utawi mlebet ing kegiatan sanes-sanesipun.
Para rencang ingkang badhe pisah menika, sejatinipun tugas para rencang menika luwih abot maneh, saya inggil tingkat pendidikan saya inggil injih tugas ingkang kedah dipunrampungaken. Mula kta kedah semangat sinau mempeng supados menapa mawon ongkang para erncang cita-citaaken saged dipuncapai. Boten namung kita mawon ingkang bangga menawi sukses, nanging Bapak lan ibu guru kita injih remen lan bangga.
Para sedherek sedaya, wayah saged damel kita sedaya saged kempal ing acara menika. Nanging wayah menika ugi ingkang misahaken kita sedaya. Kita namung saged mbales nggangge doa mugi-mugi sukses lan slamet lan mugi-mugi amal tuwin kesaenanipun para Bpak lan Ibu guru katampi ing sisihipun Gusti Allah Ingkang Maha Agung.
Kula cekapi semanten rumiyin atur kula, bilih wonten kiranging atur mawantu-wantu kula nyuwun lumunturing samodra pangaksami.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
Bapak lan ibu guru ingkang kula hormati. Dipun lajengaken sambutan saking wali murid. wekdal saha papan kula sumanggakaken.
sambutan saking wali murid :
Bapak lan ibu guru ingkang kula hormati.
Dipun lajengaken acara ingkang kaping gangsal sambutan saking ketua OSIS. wekdal saha papan kula sumanggakaken.
sambutan saking ketua OSIS :
Assalamu’alaikum Waramatullahi Wabarakaatuh
Bapak kepala sekolah lan bapak ibu guru ingkang kula urmati, raka kelas 12 ingkang kula tresnani. Pudya puji pudyastuti katur dhumateng Gusti ingkang Maha Agung, ingkang sampun angluberaken rahmat sarta hidayah dhumateng kula panjenengan sami.
Raka kelas 12 ingkang kula tresnani ingkang skedhap malih badhe nilaraken bangku pawiyatan ing SMA menika. Kula minangka ketua OSIS badhe ngaturaken panampi atur perpisahan saking raka kelas sanga. Kula ngraosaken bingah dene panjenengan sampun kasil medal saking SMA menika kanthi nganthongi ijasah mring perguruan tinggi.
Kula sakanca badhe ngaturaken pangapura awit kekirangan lan kaluputan kula sakanca. Raka kelas 12 ngkang kula tresnani, kula sakanca ugi badhe ngaturaken matur nuwun paring pitedhah dhumateng rayi kelas sedasa lan kelas sewelas. Kula sakanca boten saged atur pinwales menapa-menapa naming atur matur nuwun wonten ngarsane. Kita namung saged mbales nggangge doa mugi-mugi sukses lan slamet.
Sejatinipun tugas para raka kelas 12 menika luwih abot maneh, saya inggil tingkat pendidikan saya inggil injih tugas ingkang kedah dipunrampungaken. Mula raka kelas 12 kedah semangat sinau mempeng supados menapa mawon ongkang para raka kelas sanga cita-citaaken saged dipuncapai.
Kula cekapi semanten rumiyin atur kula, bilih wonten kiranging atur kawula, kula nyuwun lumunturing samodra pangaksami.
Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakaatuh.
Mekaten kala wahu sambutan lan pesan ugi kesan ingkang dipun sampeaken dumateng ketua OSIS mugi-mugi napa ingkang sampun dipun sampeaken kolo wahu wonten kesanipun.
Bapak lan ibu guru ingkang kula hormati. Wekdalipun acara ingkang kaping pitu inggih menika penutup
Mekaten kala wahu sambutan ingkang dipun sampekaken, mugi-mugi dipun kabulaken Allah swt. Lan sakderengipun acara niki kula tutup, mbok beleh kula wonten kelepatanipun, kula nyuwun agunge pangapunten dateng sedaya hadirin. Akhiripun mangga acara niki kita tutup kelawan waosan hamdalah ; alhamdulilah hirobil alamin. Akhirul Kalaam. Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakaatuh.