Sabtu,
28 Januari 2012
NASKAH WAWANCARA
PITAKONAN
1:
ASMA LENGKAPIPUN BAPAK SINTEN?
WANGSULAN
1 : nggih ingkang pisan kula matur nuwun kalih pak timy nggih, sampun diparingi
wekdal menika. Ari aditama
PITAKONAN
2:
YUSWANIPUN BAPAK PINTEN ?
WANGSULAN
2: pitung doso wolu niko kados pinten niku sakniki? Pitulas tambah pinten.
PITAKONAN
3:
GRIYANIPUN BAPAK TEN PUNDI?
WANGSULAN
3: griyo kulo wonten kalasan
PITAKONAN
4:
SAMPUN KAGUNGAN SEMAH DERENG ?
WANGSULAN
4: sampun sampun.
PITAKONAN
5:
ASMANIPUN GARWANIPUN PANJENENGAN
SINTEN ? LAN YUSWANIPUN PINTEN?
WANGSULAN
5: ooh hani. yuswonipun kalih doso enem
sakniki.terus nopo malih?
PITAKONAN
6:
PADAMELAN GARWANIPUN MENAPA?
WANGSULAN
6: nggih nganu nopo niku guru.
PITAKONAN
7:
KEPANGGIH KALIYAN GARWANIPUN
TENPUNDI?
WANGSULAN
7: pundi nggih, kulo kesupen e. nggih ten pundi pas niku ten pundi nggih kulo
kesupen e. oo nggih pas ten jogja.
PITAKONAN
8:
PUTRANIPUN PANJENENGAN PINTEN ?
WANGSULAN
8: setunggal.
PITAKONAN
9:
HOBINIPUN PANJENENGAN MENAPA?
WANGSULAN
9: hobi? Hobi sakniki napa? Sakniki kulo remen sepak bola. Tapi namun nonton
tivi nggih. Kulo badminton.se usia jenengan kulo remen kathah sanget
PITAKONAN
10: DAHARAN INGKANG PANJENENGAN REMENI
MENAPA ?
WANGSULAN
10: nggih sak penting hallal. Mboten onten cirikan nopo2 mbak.sing penting
hallal.
PITAKONAN
11: PENGAREP-AREP PENJENENGAN SADERENG
DADOS GURU MENAPA?
WANGSULAN
11: sakderengipun dados guru, pangarep-arep kulo? Cita-cita ngonten nggih? Cita-cita
kula sakderengipun dados guru niku kathah e.sakderenge mulai SD,SMP,SMA? Nek TK
kesupen kula. SD pembaca puisi, SD kula remen baca puisi, nek SMP kula speak
bola, pas jaman kula SMP lak maradona kulo remen sanget kalih sepak bola. Pas niku
onten niki lho maradona niku lho. Terus
pas SMA kula remen main musik. Kula ngeband pas SMA. SMA ngantos perguruan
tinggi kula nggih remen ngeband naming ngeband ten kampus terus kalih theater
pas kuliah niku. Pangarep-arep kula sakderingipun dados guru nggih saget bantu
bapak ibu. Mesakke bapak ibu sampun maringi napa-napa. Saget balas budi kalih
bapak ibu niku pangarep e kula. Napa mawon?
PITAKONAN
12: MENAPA KOK PANJENENGAN KERSA DADOS
GURU BAHASA INDONESIA ?
WANGSULAN
12: woo dados guru bahasa Indonesia nggih? nggih wah niki dowo niki critane niki. Sakjane
nggih kula mbiyen niku kula napa niku jeneng e
, mboten ngira ten bahasa Indonesia.
Kula biyen menika daftar ten UGM setunggal, terus pilihan kalih ten bahasa
Indonesia program napa nggih campuran niku napa nggih? Kados IPC nggih? Setunggal ten perguruan. Oo.. kalih pilihan e
IPC niku tiga sing setunggal ten UGM, sing
setunggal ten UNY, terus sing setunggal UNN
nek mboten klentu pun dangu e kula kesupen. UGM niku mendet jurusan HI. Tapi kok
mboten ketompo, terus sing setunggal ten sastra mboten ketompo. Terus sing setunggal
ten SKIP, skip katut nggih niku pun kula mantepi terus lulus daftar guru eek kok
ketampi. Nggih bismillahirrohmanirrahim ngabdi insyaallah nggih mudah-mudahan
saged ngabdi ngenten niku nggih.ikhlas ngonten nggih.
PITAKONAN
13: PANJENENGAN KAPISANAN DADOS GURU TEN
PUNDI?
WANGSULAN
13: woo pisan dadi guru ten SMA N 2 SURAKARTA. Tahun 98, nggih niku 98 pertama
dados guru terus bar niku ten bimbingan belajar. Rencang tentor bekas murid
kula ten SMA N 2 SURAKARTA. Nggih mugi-mugi benjang jenengan sedaya onten sing
dados rencang ten mriki guru nggih.amin.
PITAKONAN
14: TINDAK TEN SELOLAH PANJENENGAN NITIH
MENAPA?
WANGSULAN
14: woo.. nggih saking griya ten sekolah? Oo.. nggih numpak motor.
PITAKONAN
15: NYAMBUT DAMEL TEN MRIKI SAMPUN
PINTEN TAHUN?
WANGSULAN
15: ee sejak kalih ewu enem.
PITAKONAN
16: GURU-GURU INGKANG WONTWN ING SMA N 2
NGAGLIK PRIPUN ?
WANGSULAN
16: pripun menapa ne? Oo.. nggih rencang-rencang ten mriki sae-sae sedaya
PITAKONAN
17: PRIPUN CARANIPUN PANJENEGAN NGAJAR
SISWA INGKANG SAE?
WANGSULAN
17: ngajar? Mulang nggih? Ngajar niku maknane nunapa? Hehe.. nggih sing sae
nggih sing penting ikhlas.ikhlas napa mawon dilaksanaaken kanthi ikhlas. Insyaallah
saget ngasilaken sesuatu ingkang sae. Sing penting ikhlas, seneng. Menawi mboten
ikhlas dampak e mboten sae kangge kiyambak, kangge sanesipun sing penting niku
seneng kalih ikhlas nggih niku. Kula berpesan ngonten mawon kalih jenengan
sedaya nggih melalui napa niku nyambut damel menapa mawon ten griya, ten
sekolahan, pun diparingi napa mawon tugas kalih bapak ibu nggih niku termasuk
padamelan nggih kula berpesan dilaksanakan kanthi seneng, kanthi seneng ampun
terpaksa. Kula sampun kados menika, ingkang sae nggih kula ikhlas, ikhlas
kanthi seneng. Isyaallah kantun sae.
PITAKONAN
18: KELSA PUNDI INGKANG MBOTEN GAMPIL
DIPUN WULANG ?
WANGSULAN
18: kelas pundi nggih? Niki pertanyaan ingkang sulit, sakjane tugas guru niku
nggih, tugas guru niku pun mendidik niku nggih tugas e. dadi melalui dipun
tanglet ingkang napa niku jeneng e ingkang mboten gampil? sakjane sedaya niku
gampil. Namung napa nggih bocah-bocah nggih perlu pendekatan, pendekatan
psikologis. Sedaya niku sakjane gampil. Tapi perlu pendekatan psikologis. Pendak
tiyang niku kan sulitnya berbeda-beda dadi memerlukan pendeatan yang
berbeda-beda. Dadi menawi onten ingkang angel nggih niku tugas ingkang kedah
dipun laksanaken guru niku kados tantangan. Bonten onten ingkang angel. Insyaallah
saget.
PITAKONAN
19: SAKDANG UNIPUN PANJENENGAN WONTEN
ING SMA N 2 NGAGLIK, KELAS MENAPA MAWON INGKANG SAMPUN JENENGAN DADOS WALINIPUN
?
WANGSULAN
19: Ooo.. sakderengipun ten riki? Niku pas ten riki? pas ten riki? Sakdangunipun
ten riki. Kelas sedasa gangsal ,kelas sedasa gangsal setunggal taun ajaran
terus kelas sebelas IPA kalih nggih naming niku. Niku selama ten SMA mriki.
PITAKONAN
20: KEPRIPUN PANJENENGAN NJAGI
KASARASANIPUN?
WANGSULAN
20: napa? Keri? Sing keri napa? Oo.. hohoo.. kiat ngonten nggih? Naah.. nggih
kula nyaosi panjengan sedaya kiat ngonten nggih? Kiat supados insyaallah sehat.
Ngonten nggih. Ingkang sepisan nggih seantiasa mengingat Allah SWT. Ngonten nggih?
Tawakal terus niku kuncinipun. Kudu cerak kalih Gusti Allah. Inget, inget dumateng
Gusti Allah terus lajengipun usaha. Sebab, menawi mboten usaha, mboten saget,
mboten saget napa niku jenenge? Mendapatkan apa yang kita inginkan. Seperti kita
menginginkan kesehatan. Pertama kita perlu mendekatkan diri pada Tuhan, terus
usaha agar kita sehat. Agar kita sehat yaitu, pola makan yang baik, terus
olahraga, terus yang penting positive tnhingking. Terus Ooo..Pak Guru kok
ngekei tugas kok kathah sanget niki, ngekei tugas kathah saget niki waahh.. nah
itu lakukan dengan senang hati terus positive thingking. Jadi intinya positive
thingking Insyaallah saget sehat. Naahh.. niku nggih kula memberikan kiat, kiat
mekaten dumateng panjenengan sedaya nggih Insyaalllah sehat.
PITAKONAN
21: BUNGAH, SUSAH PANJENENGAN NGAJAR ING
SMA N 2 NGAGLIK MENAPA?
WANGSULAN
21: Sing pundi riyen? Bingahipun napa nggih. Kula ten mriki niku pun bingah. Pun
diparingi tanggung jawab ingkang ageng sanget nggih dhumateng kula nggih. Niki merupakan
suatu kehormatan yang tiada taranya. Jadi, niki merupakan suatu amanah, amanah
ini harus saya laksanakan dengan penuh rasa tanggung jawab. Saya mendapatkan
tanggung jawab disini Guru Bahasa Indonesia itu merupakan sesuatu yang membuat
saya senang. Saya ada disini itu sangat senang. Itu yang membuat saya senang. Terus?
Ooo.. dukanya? Dukanya napa nggih? Dukanya itu, ketok e nggih sedikit nggih
menawi nek, sebab sek onten napa-napa niki kula digawe slow. Dadi mboten kula
simpen dalam hati.hehe.. kalih menawi nek lare dikandani sae-sae terus napa
niku jeneng e mboten sabar nek onten sing ngonten niku, niku tantangan,
tantangan buat saya. Tugas Guru niku lak memotivas, memotivasi mired agar
menjadi murid yang baik. Naah.. itu tugas Guru, tugs Guru seperti itu.
|
ARI
ADITAMA,S.Pd
GURU BAHASA INDONESIA
|
TANDATANGAN
ASLI
…………………………….
|